HISRTORY OF WAYANG
Miturut para ahli budaya uga panemune penyelidikan
para ahli arkeologi sing ana ing Indonesia, kesenian budaya wayang kuwi
saktemene bentuk asline wis ono biyen-biyen, rikolo isih jaman kuna, yaiku
jaman sakdurunge ana agama Hindu Budha. Ing jaman semana sing diarani budaya
wayang wis diduweni karo dening bangsa Indonesia dewe. Dadi wayang kuwi iya
kabudayan asline bangsa. Wektu kuwi, budaya wayang isih cedak hubungane karo
muja-mujine kapercayan animisme sing isih pada dianut para leluhuring bangsa
Indonesia.

Kira-kira awalane tahun masehi, kaya sing dicritakake
karo dening para ahli sejarah mau, bangsa Hindu sing asale soko jazirah India
akeh pada teka dadi ”imigran” menyang Indonesia. Bareng suwening-suwe, gelem
ora gelem dadekake pengaruh kabudayan Hindu-Budha iki akhire iya bisa diterima
karo dening penduduk asline Indonesia.
Ing sakjroning jaman kuwi, basa Sansekerta wis dienggo
karo kalangan bangsawan sing sakteruse banjur mempengaruhi basa asli Jawa lan
Bali. Ing kene kesenian wayang karo bangsa Hindu dienggo wadah ngembangake lan
wedharake budaya agama Hindu lewat crita Mahabharata utawa Ramayana. Suwe-suwe
kahanan kaya mangkono kuwi sing sakbanjure ndadekake campur lan manunggale
budaya asli bangsa Indonesia karo budaya Hindu. Kesenian wayang sing budayane
wis campur manunggal iki mau sing sakteruse dadi sinebab agama hindu cepet
nyebar, ngresep lan diterima ing masyarakat Indonesia.
Mulane ing jroning crita wayang iku akeh pranatane
budaya agama Hindu.Miturut kitab Sastra Centhini kasebutake mula bukane
kesenian wayang purwo kuwi cinipta karo dening Raja Jayabaya soko
Kerajaan Kediri. Kira-kira abad 10 Prabu Jayabaya hanyipta gawe
gegambarane roh leluhure sing terus ditulisake ing godong lontar. Gegambaran
sing kaya mangkono mau akeh sing ditiru soko gambarane ”relief” crita Ramayana,
sing wis tinulis ing candi penataran Blitar. Prabu Jayabaya ing kana mau banget
katertarikane marang isine Crita Ramayana mergo dewekne kuwi termasuk raja sing
meyembah dewa Wishnu, sing uga nganti sakprene karo masyarakat isih dipercaya
Prabu Jayabaya dianggep panjelmaane lan titisane Betara Wishnu.
Ing jaman sakwise, yaiku jaman Jenggala kesenian
wayang purwa kuwi disampurnakake wujude karo dening Raja Jenggala Raden Panji
Rawisrengga sing bergelar Sri Suryawisesa. Sakteruse dadi apik lan
indahe. Kocap cinarita terus wayang-wayang sing wis kawujud mau banjur
diklumpukake lan disimpen ing jeroning peti ”khusus” sing ”nyeni” indah.
Bebarengan karo kuwi uga diciptakake pakem crita wayang purwa sing pagelarane
dianakake setiap ana upacara-upacara penting ing istana kerajaan lan uga
didalangi dewe karo Sri Suryawisesa.
Rikala jaman Majapahit gegambarane kesenian wayang
kuwi saya luwih disampurnaake lan dadi tambah apike, amarga wis ditambah bagian
kana-kene sing disik-disikane dadi kekurangane, terus digulung dadi siji.
Wayang sing wujude gulungan kuwi, yen dienggo pagelaran gulungane dibeber. Mulo
kuwi jenis wayang sing mangkene terus diwenehi jeneng Wayang Beber. Wiwit ono
panemune wayang beber iki kesenian wayang banjur diwedharake ngrambah metu soko
lingkungane keraton. Lan wiwit kuwi uga masyarakat saknjabane keraton bisa melu
ndeleng keindahane pagelaran kesenian wayang beber.

Sakbanjure nyedaki pungkasaning
jaman Majapahit, pengaruh Agama Islam wis wiwit ngrambyah lan kawedhar ing
tanah Jawa. Karo dening para wali lan sunan Kesenian wayang kuwi uga dienggo
”media effektif” medharake ajaran agama Islam. Kahanan kaya mangkono kuwi uga
sing dadekake kesenian wayang akeh perubahan wujud sing cukup ”signifikan”,
kanggo ngilangake gegambarane manungsa sing ing Agama Islam kuwi diharamake lan
uga kanggo ngilangake gegambaran sing mujudake pengaruh agama Hindu. Ing jaman
kuwi, wujude wayang di owah, digawe soko kulit lan balung sing wujude mung kaya
simbol-simbol supaya gegambarane menungsa dadi samar, sakteruse nganti
sakprene wujude wayang mung kaya lan dadi arupa simbol-simbol wewayangan
panguripane menungsa.
Sumangga dipun tambahi lan nuwun
sewu menawi wonten luput klerunipun.Nuwun
Matur nuwun . . Make you smile
0 comments